Like Box

Friday, March 9, 2012

SEDEKAH GUNUNG



LEGENDA SEDEKAH GUNUNG MERAPI
Argo Merapi mujudaken satunggaling Argo ingkang gadhah bobot ingkang inggil tumraping tanah jawi minggahing nuswantoro, kasusra dumugi ing tataran bawono awit mujudaken hardi ingkang asring piyambak mutahaken lahar ingkang ateges gunung berapi ingkang paling aktif ing donyo milo mboten mokal menawi anggadahi doyo tarik ingkang kiyat tumraping poro noro wisoto ugi anggadhai sesambetan ingkang raket kaliyan poro rojo ing tanah jawi, ingkang salebeting mitos ugi wonten sesambetan kaliyan Ratu kidul ingkang pinitados dados ratuning lelembut ing seganten kidul. Milo nomo jumbuh menawi ing Argo Merapi mujudaken papan ingkang kathah ngemot kawontenan-kawontenan gaib.


Derek punopo ingkang dados gotheking ngakatah awit saking pangandikaning poro leluhur duking kino makino gethok tular turun temurun ngantos dumugi ing titi wanci puniko kathah kedadosan ingkang kasad moto menopo dene ingkang mboten kasad moto, kathah dumados ing ardi Merapi. Ingkang sedoyo kala wau damel satunggaling raos kapitadosan tumrap wargo Selo mliginipun lan wargo masyarakat umumipun.Kapiji satunggaling kadadosan ing kolo rumiyin Kasunanan Surokarto wekdal semanten ingkang kepareng agasto jejed wengkuning projo Sampeyan Dalem Ingkang Sinuhun Pakubuwono ing kaping enem (6), inggih Sinuhun Bangun topo, kepareng asring tindak mertinjo argo Merapi ingkang sayektosipun, kejawi tindak mertinjo lan ameng-ameng ing argo Merapi-Merbabu ingkang tuhu edi endah. Ugi wonten keparweng dalem ingkang sinandi nuwun inggih pepangihan winandi kaliyan Pangeran Diponegoro, saperlu paring bebantu anggenipun Pangeran Diponegoro perang lumawan Walandi. Dados kacetho ingkang Sinuhun Pakubuwono kaping VI, bidho apirowang dumateng penjajah Walandi ing wekdal semanten. Menggah pepanggihan winandi ing antawising priyagung kekalih mapan wonten ing satunggaling guo ingkang sapuniko sinebat Guo Rojo. Tindak Dalem Sinuhun ingkang mekaten wekasanipun kadenangan dening Walandi, awit wonten palapuran saking satunggaling Bupati. Tumuli ingkang Sinuhun dipun cepeng dening walandi soho dipun selong wonten ing Ambon. Inggih awit lekas Sinuhun Pakubuwono VI ingkang mekaten sasampunipun Indonesia mardiko Sampeyan Dalem Sinuhun Pakubuwono VI Sinengkaaken minongko satunggaling Pahlawan Nasional. Menggah sesambetan antawising Kraton Surokarto menopo dene Ngayogyakarto kaliyan argo Merapi Luimintu dumugi sapriki, ing wanci-wanci tinamtu ngawontenaken larung sesaji ing Merapi.
Kacariyos malih sesambetan kapitadiosan masyarakat dumateng satunggaling priyagung ingkang asmo Kyai Petruk asma Timuripun Piadegipun Handoko Kusumo awit dedeg piadegipun inggil kados piyayi Petrk ing pewayangan lajeng katelah asma Kyai Petruk sinebat ing kahthah bilih Kyai Petruk mujudaken Putranipun Pengangeng kapaniwon Cepogo. Wiwit timur panjenenganipun gentur kasutapanipun remen tetulung dateng sesamining ngagesang wicaksono tuwin waskitho ing pamawas, turto jujur lahir batosanipun, linambaran sekti mondro guno. Inggih awit saking kawontenan ingkang mekaten dening masyarakat Selo lan sakkiwotenghennipun gadah kapitadosan, bilih Kyai Petruk saget angayomi, masyarakat tlatah Selo ing sakiwa tengenipun saking pangamukipun Hardi Merapi. Ugi pinitadhos Kyai Petruk sedo lan mukswo ing Hardi Merapi. Ingkang meniko kagem memule angromati Kyai Petruk, masyarakat Selo saben ing malem 1 Suro ngawontenaken sedekah gunung tuwin larung sesaji, ingkang wujudipun : tumpeng sesaji, sekul gunung kadamel saking jagung, brubus kadamel saking roning lumbu, gomok, acung – acung, bhotok sempuro kanthi dipun jangkepi ubo rampe polo wijo jangkep, singkong baker telo rambat baker, unjukan kopi, jadah baker, rokok klobot, rokok gudang garam kretek, pisang rojo, sekar kantil, kunir soho tigan, arto Rp. 100,- kemeyan soho mliginipun sirahing Maheso ingkang kalarung ing hardi Merapi.

Sedoyo kolowau mujudaken sarono nyenyuwun dumateng gusti ingkang akaryo loko, mugi kepareng paring karahayon tuwin kabagyan dumateng mliginipun masyarakat Selo soho masyarakat Boyolali umumipun. Pramilo Upocoro Tradisional Sedekah Gunung Ingkang mujudaken tilaranipun poro leluhur katindakaken kanthi turun menurun lestantun dumugi sakpriki lan saklajengipun minongko ikhtiyar nglestantunaken budoyonipun poro Leluhur.

Nuwun

PANGRIPTO



sumber : http://www.pariwisataboyolali.info
Saparan

No comments:

Post a Comment