Like Box

Friday, March 9, 2012

SAPARAN PENGGING




LEGENDA APEM KUKUS KEONG EMAS

Upacara Tradisional Sebaran Apem Kukus Keong Emas punika kalebet satunggaling tatacara adat ing tlatah Karaton Surakarta duk ing uni. Wondene dumadosing tatacara adat ingkang ngantos dumugi ing dinten punika dipunpengeti, kawiwitan rikala sugengipun Pujanggadalem Karaton Surakarta Hadiningrat R.Ng. Yosodipuro ing jaman Sinuhun Kanjeng Susuhunan Pakubuwana Ingkang kaping IV.

R.Ng.Yosodipuro rikala semanten kejawi minangka pujangga dalem Karaton Surakarta Hadiningrat ugi Ulama dalem Ingkang gegulang bab Agami Islam, pramila R.Ng. Yosodipuro lajeng paring wewarah saha piwulang dumateng siswa lan santrinipun. Bab piwulang ingkang dipun paringaken kalawau R.Ng. Yosodipuro ngendika bilih ing tataran Taukhid dumateng Gusti Allah SWT Kapitadosan ingkang dipun anut punika Sejatosipun “Sak Jan-jane Nur Illahi” salajengipun dipun besut mawi pralampita ingkang awujud “Janur”.
Kangge matebaken anggenipun paring piwulang R.Ng.Yosodipuro paring dawuh dumateng para siswa lan santrinipun sami ngasta apem kukus kabuntel janur ingkang awujud “Keong”. Bab Punika mengku pasemon bilih keong ingkang wujudipun alit saget ngawonaken kancil rikala don wasis ing dongeng “Si Kancil”. Carios punika nggambaraken bilih kawula alit ing Nagari Surakarta adiningrat tansah sayuk saeka kapti gesang linambaran manah ingkang tansah kumawula ing Gusti lan Ratunipun.
Salajengipun tatacara kalawau saged run-tumurun minangka pepenget lan piwulang ingkang sinandi lahir trusing batos, anggenipun tansah ngagungaken Asmanipun Allah SWT saha minangka tetenger pangolahing budi para leluhur lan priyagung ingkang sampun kepareng nyanggit minangka pemut dumateng sedayanipun.Tatacara kalawau lumampah ngantos ing jaman Karaton Surakarta Hadiningrat kaasta ISKS Paku Buwana X.
Sampun kawentar bilih ISKS Paku Buwana X punika Ratu ingkang wicaksana ing saliring reh lan kuncara ngantos ing jawi nagari ing reh migatosaken bab Budaya lan Tatacara. Kados kapacak ing piwulangipun ISKS Paku Buwana X ingkang babonipun saking jaman

Senopaten lajeng kabesut dening Pujanggadalem Kyai Yasodipuro ing pupuh Dhandhanggula :
Hugemana pepelenging Gusti
Yen Budaya hiku nora beda
Lan Pusaka Kedhatone
Manawa dipun rengkuh
Dipun Pepundi hamberkahi
Lamun siniya-siya
Tuwuh Halatipun
Marwa pra setyeng budaya
Pepetrinen huwoh pangolahing budi
Hing salami-laminya.
Kanti sekar punika nedahaken bilih budaya lan tatacara ingkang kasanggit linambaran Cipta Rasa Budi lan Karsa punika menawi dipun pepundhi hamberkahi lamun siniya-siya tuwuh halatipun.
Jumbuh kaliyan terang dawuh Dalem ISKS Paku Buwana X bilih “Kuncara Ruming Bangsa Dumunung Haneng Luhuring Budaya”. Kanti punika salajengipun Sampeyandalem paring dawuh dumateng abdi dalem Suranata ngawontenaken tatacara ingkang sampun dipun tindakaken para leluhuring pametri budaya winastan : “Paringan Apem Kukus Keong Emas”. Pramila dipun wastani keong mas jalaran wujudipun kados keong ingkang kabuntel janur warni jene.
Terang trawaca dawuh dalem, salajengipun para abdi dalem kalawau ndamel dhaharan apem kukus ingkang kabuntel janur awujud keong, ugi lepet lan kupat luwar. Sak sampunipun rampung kaasta dateng Masjid Cipto Mulyo saperlu kadonganan lan dipun suwunaken berkah dhumateng Gusti Ingkang Maha Suci.
ISKS Paku Buwana X tuhu Ratu ingkang tresna dhumateng budaya lan ngaosi dhumateng woh pangolahing budi para leluhur, pramila sampeyandalem nglestarekaken budaya, ing tatacara pandonga nyuwun berkah kalawau binarung ungeling gending-gending yasa dalem para Nata Ing Jaman mataram, ingkang suraosipun cakepan bab Sesanti lan pepuji tuwin wucalan ngelmu Agami Islam.
Wondene werninipun wonten kalih : Santiswaran lan Rarasmadya. Santiswaran ngrewat sesanti, dene Rarasmadya ngrewat wucalan. Rarasing gending kalawau sampun saged rinaos rikala jaman Sultan Agung, dene dumadosing cinathet ing Candrasengkala “Raras Hanggana Wisiking Nabi” utawi tahun 1566. Nitik suraosing candrasengkala kalawautetela manawi kagungandalem Santiswaran punapadene Rarasmadya ingkang sekaripun ngrewat Sesanti, Donga, Wucalan, kalawau salajengipun kasanggit dening abdidalem Ulama lan abdidalem Suranata.

Ing tatacara punika manawi dipun raras sedaya kalawau ateges manungaling kawula lan Gusti saha manunggaling Jawi kaliyan Islam, ngkang samudayanipun ngrewat bab kebatosan lan piwulang ilmu sarta bab tuntunaning gesang.

Perlu kawuningan bilih Kidung, Sekar lan Tembang kalawau ing kinanipun ngrewat Daya Prabawa ingkang linangkung, pramila namung dipun aturaken wonten sanglebetipun Masjid kemawon, imboten prayogi manawi kangge tetembangan ing sadhengah panggenan.
Saksampunipun kadonganan Apem Kukus Keong Emas kalawau lajeng dipun paringaken wonten sangajengipun Masjid Cipto Mulyo lan dipun pendheti utawi dipun suwun berkahipun para kawula saha para warga ingkang sami rawuh badhe nyuwun berkahipun.
Makaten menggah sejarah dumadosing Upacara Tradisional Sebaran Apem Kukus Keong Emas ing Masjid Cipto Mulyo, Pengging, Banyudono, Boyolali.

sumber : http://www.pariwisataboyolali.info


Water Boom PENGGING

No comments:

Post a Comment